Jumat, 21 Agustus 2015

Adat tradisi Blitar versi bhs JAWA


Adat Tradisi sing ono neng sekitar


1. Tari Jaranan
Tari Jaranan
Kesenian jaranan yaiku seni tari kang migunaake  piranti  arupa anyaman bambu utawa godhong pandan kang digawe amrih podo karo jaran. Tarian jaranan terkenal neng daerah Jowo sisih wetan yaiku Ponorogo, Kediri, Tulungagung, Nganjuk, Malang lan nganti teko Banyuwangi. Tarian iki diiringi karo piranti kang werno-werno  kaya gamelan gong, kendang, terompet lan sapanunggalane
Sejarah Tari Jaranan
  Raja Airlangga nduweni putri kang jenenge Dewi Sangga Langit. Dewi iku uwong kediri seng paling ayu. Dadine akeh sing podo nglamar,. Pelamar-pelamar Dewi Songgo Langit kabeh sakti . Dewi Songgo Langit sak jane ora pengen rabi nanging Prabu Airlangga meksa Dewi Songgo Langit supaya cepet rabi. . Akhire Dewi ngeneake sayembara Dewi Songgo Langit dia mau menikahgelem rabi nanging ono siji panyuwunan yaiku  sopo wonge sing iso gawe kesenian kang durung ana neng pilau Jawa Dewi gelem dadi bojone..
  Sayembara iku dimenang ake  Klana Sewandono atau Pujangganom. lan Singo Ludoyo kalah. Wektu kalah Singo Ludoyo nduweni janji karo Pujangganom. Singa Ludoyo njaluk deweke ojo di pateni lan Pujangganom setuju karo perjanjian iku. Nangiang Pujangganom nduweni syarat yaitu Singo Barong kudu mengiring temantenne karo Dewi Sangga Langit neng  Wengker.Iring-iringan temanten iku kudu diiringi karo  jaran-jaran kang nglewati ngisor  lemah lan  diiringi karo  piranti musik soko pring lan wesi .Pas neng dalan Singo Ludoyo ngganggep deweke wes teko  Wengker, tibake deweke ijek teko Gunung Liman.. Akhire  sak durunge Singo Ludoyo teko neng  Wengker dewekw mbalik neng Kediri .
  Sak wes e Sangga Langit diboyong karo Pujangganom neng Wengker Bantar Angin, Dewi Sangga Langit ngubah  jeneng panggonan iku dadi  Ponorogo Jaranan metu neng kediri gur di gawe ngambarne  boyonggane dewi Songgo langit teko kediri neng  Wengker Bantar Angin.
2. Grebeg Pancasila

Grebeg Pancasila
Yaiku upacara sing di enekake pas tanggal 1 Juni kanggo memperingati dino lahire pancasila.Ana 3 acara pokok neng Grebeg Pancasila yaiku:
Upacara Budaya
Kirap Gunungan Limo
Kenduri
  Grebeg Pancasila di wiwiti karo acara kirab obor, upacara bendera migunaake  atribut tradisi Jawa nganti kenduri Pancasila. telung panggonan sing di gawe rute ritual Grebeg Pancasila, yaiku Istana Gebang (omahe mantan keluarga Bung Karno sing saiki di kelola pemerintah), alun-alun kota lan di akhiri neng makam Bung Karno kawasan Bendogerit, Kota Blitar.
3. Upacara sak durunge ngedekne omah
Upacara iki uga disebut slametan, wilujengan, kenduren utawa bancak’an. Tujuan saka upacara bacak’an yaiku kanggo ngadohne saka ciloko nalika ngetok utawa nganggo kayu sing bakale di gawe mbangun omah. Panganan utama neng upacara iki yaiku Jenang Sengkala
Piranti sing di gunaake:
Kranji –  anjaman saka pring
Tampahanjaman saka pring
Kaloanjaman saka pring
Kemarangtembikar, sing di gawe saka lempung sing di bong.
Gendok –  tembikar, di gawe saka lempung sing di bong
Takirdi gawe saka godhong gedang lsp 
4. Tingkepan
Tingkepan
Upacara adat tingkepan di enekake wektu bakal ibu uwes ngandut 7 sasi. Uwong jawa percaya yen pas bakal ibu ngandut 7 sasi   kuwi “Sapta Kawasa Jati”. Sapta = tujuh, kawasa = kekuasaan, jati = nyata. Artine nalika 7 sasi neng kandungan bakal bayi iki  ditentuake suk nalika lahir normal opo orane.. Mula wong Jawa ngeneake  selamatan mitoni (7 wulanan) supaya suk wektu lahire iso normal lan slamet kabeh ibuk uga bayine.
Tata Cara Tingkepan
1.Siraman
2. Bakal bapak glebokne endog pitek kampung neng njero kain bakal  ibu
3. Nglebokne bolah utawa janur
4. Mecahake periuk lan gayung
5. Ngombe jamu sorongan
6. Nyolong endog
7. Ganti klambi
8. Rujakan
5. Seruling Purnama Penataran
Seruling Purnama Penataran
  yaiku pagelaran kesenian yang sing di enekake neng  Candi Penataran wektu malem  purnama. Pagelaran iki di gagas karo Dewan Kesenian Kabupaten Blitar (DKKB) lan wiwit di enekake tahun 2011.
Video ngenani Seruling Purnama Penataran (SPP)
6. Siraman Gong Kyai Pradah
Siraman Gong Kyai Pradah
 Ritual ini di enek ake setahun ping 2 yaitu wektu tanggal  1(siji) syawal lan 12(rolas) robiul awal kanggo memperingati maulid Nabi Muhammad SAW kang panggonan neng kelurahan kalipang uga  kerep di kenal karo jeneng lodoyo pas e yaiku ono neng sisih  kidul kabupaten Blitar.
Tata Cara Siraman Gong Kyai Pradah
Sekitar jam 09.00 WIB, pusaka Gong Kiyai Pradah di tokne saka panggonan sing di gawe nyimpen Gonge kuwi mau. Sak wis e di gowo lan diarak ,pusaka rupa piranti musik tradisional yaiku gong gedi lan papat bendhe sing dibungkus kain putih kuwi mau di gowo munggah neng Dalem Pasiraman. Ndalem itu arupa bangunan duwur (kaya panggung) sing ana neng tengah alon-alon. Gong pusaka kuwi mau  di adusi  utawa  di sucine karo banyu sing ana kembang pitu rupa neng njero ne .

Cekap Semanten
Matur Thank you

Tidak ada komentar:

Posting Komentar